Swayambara Wikisumber 2023

Tanggal 6 Maret 2023, Pakumpulan Wikimédia Yogyakarta nganakaké Swayambara Wikisumber taunan sing kapisan. Sanajan lagi pisanan olèhé kanca-kanca Wikimédia Yogyakarta nganakaké swayambara, kanca-kanca iki dudu wong-wong sing anyaran bab nganakaké tantangan nulis, amarga sadurungé iya wis tau nganakaké swayambara WikiTéroka 3.0 (2022) lan WikiTéroka 4.0 (2023) nang Wikipédia Jawa. Swayambara Wikisumber iki uga dudu swayambara kapisan sing ana sesambungané karo Wikisumber. Pakumpulan Wikisumber Indonésia nganakaké Kompetisi Wikisumber Indonésia taunan wiwit saka 2020, lan ing taun 2022 pakumpulan iki ngajak Wikisumber Jawa lan Bali sing lagi waé netes supaya mèlu kompetisi kuwi. Ana 10 buku Jawa aksara Latin lan buku aksara Jawa cacah 2, cacahé nganti arep 2.000 kaca sing wis dititiwaca lan diabsahaké sajroné 2 minggu.

ꦠꦁ​ꦒꦭ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦩꦉꦠ꧀​꧇꧒꧐꧒꧓꧇​꧈​​ꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦢꦶꦪꦃ​ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ​ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​​​​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦭꦒꦶ​ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦺ​ꦏꦚ꧀ꦕ​ꦏꦚ꧀ꦕ​ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦢꦶꦪꦃ​ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ​ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ꧈​​ꦏꦚ꧀ꦕ​ꦏꦚ꧀ꦕ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦢꦸꦢꦸ​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦱꦶꦁ​​ꦲꦚꦂꦫꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦠꦤ꧀ꦠꦁ​ꦔꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ ​​ꦲꦩꦂꦒ​ꦱꦢꦸꦫꦸꦁ​ꦔꦺ​ꦲꦶꦪ​ꦮꦶꦱ꧀ꦠꦲꦸ​ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦠꦺꦫꦺꦴꦏ​꧇꧒꧐꧒꧒꧇​​ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦠꦺꦫꦺꦴꦏ​꧇꧒꧐꧒꧓꧇​​ꦤꦁ​​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦢꦶꦪꦃ​ꦗꦮ꧉​​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦲꦸꦒ​ꦢꦸꦢꦸ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦏꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦲꦤ​ꦱꦼꦱꦩ꧀ꦧꦸꦁ​ꦔꦤ꧀ꦤꦺ​ꦏꦫꦺꦴ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧉​​ꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦆꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ​ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥꦼꦠꦶꦱꦶ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦆꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦏ​꧇꧒꧐꧒꧐꧇​꧈​​ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦠꦲꦸꦤ꧀​꧇꧒꧐꧒꧒꧇​​ꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ​ꦔꦗꦏ꧀ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​ꦭꦤ꧀ꦧꦭꦶ​ꦱꦶꦁ​​ꦭꦒꦶ​ꦮꦲꦺ​ꦤꦼꦠꦼꦱ꧀ꦱꦸꦥꦪ​ꦩꦺꦭꦸ​ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦥꦼꦠꦶꦱꦶ​ꦏꦸꦮꦶ꧉​​ꦲꦤ​ꦱꦼꦥꦸꦭꦸꦃ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦗꦮ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦸꦏꦸ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦕꦕꦃ​ꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧈​​ꦕꦕꦃꦲꦺ​ꦔꦤ꧀ꦠꦶ​ꦲꦉꦥ꧀ꦫꦺꦴꦁ​​ꦲꦺꦮꦸ​ꦏꦕ​ꦱꦶꦁ​​ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦱꦃꦲꦏꦺ​ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦺ​ꦫꦺꦴꦁ​​ꦩꦶꦁ​ꦒꦸ꧉​

Apa sing ndadèkaké Swayambara Wikisumber Jawa iki mirunggan? Kajaba nitiwaca kira-kira 30 buku Jawa aksara Latin kanti bab manéka warna, panyarta uga isa nitiwaca telung naskah utawa manuskrip astamiwa sing digawé saka pungkasan abad ka-18 tekan wiwitan abad ka-19. Naskah astamiwa kuwi yaiku Serat Jaya Lengkara Wulang (1803) – BL MSS Jav 24, Serat Sélarasa – BL MSS Jav 28, lan Serat Damar Wulan – BL MSS Jav 89. Naskah sing ditulis nganggo tangan lan cacahé luwih saka sèwu kaca iki teksih kasimpen apik banget lan didadèkaké format digital bareng karo sakumpulan naskah Jawa liyané saka Pustaka Inggrés (British Library). Basa Jawa iku salah sijining basa unik (mbédani) sing ana ing donya, amarga nduwé tradhisi tulisan cacah telung rena: aksara Latin saka bangsa Eropa, aksara Pegon saka bangsa Arab, lan aksara Jawa dhéwé (tedhak turun saka aksara Kawi). Mulané, wis lumrah menawi ana judul sing ditulis nganggo telung aksara sing béda-béda sanajan saiki angèl banget isané nemoni buku cithak nganggo basa Jawa.

ꦲꦥ​ꦱꦶꦁ​​ꦤ꧀ꦢꦢꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦩꦶꦫꦸꦁ​ꦒꦤ꧀?​​ꦏꦗꦧ​ꦤꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦏꦶꦫ​ꦏꦶꦫ​꧇꧓꧐꧇​​ꦧꦸꦏꦸ​ꦗꦮ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦶ​ꦧꦧ꧀ꦩꦤꦺꦏ​ꦮꦂꦤ꧈​​ꦥꦚꦂꦠ​ꦲꦸꦒ​ꦲꦶꦱ​ꦤꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦠꦼꦭꦸꦁ​​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦲꦸꦠꦮ​ꦩꦤꦸꦱ꧀ꦏꦿꦶꦥ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦩꦶꦮ​ꦱꦶꦁ​​ꦢꦶꦒꦮꦺ​ꦱꦏ​ꦥꦸꦁ​ꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦧꦢ꧀ꦮꦺꦴꦭꦸꦭꦱ꧀ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦧꦢ꧀ꦱꦔꦭꦱ꧀꧈ ​​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦲꦱ꧀ꦠꦩꦶꦮ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦪꦲꦶꦏꦸ​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦪ​ꦭ꧀ꦭꦼꦁ​ꦏꦫ​ꦮꦸꦭꦁ​꧈​​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦺꦭꦫꦱ꧈​​ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦢꦩꦂ​ꦮꦸꦭꦤ꧀꧈ ​​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦱꦶꦁ​​ꦢꦶꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦠꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦕꦕꦃꦲꦺ​ꦭꦸꦮꦶꦃ​ꦱꦏ​ꦱꦺꦮꦸ​ꦏꦕ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦠꦼꦏ꧀ꦱꦶꦃ​ꦏꦱꦶꦩ꧀ꦥꦼꦤ꧀ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦶꦢꦢꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦠ꧀ꦢꦶꦒꦶꦠꦭ꧀ꦧꦉꦁ​​ꦏꦫꦺꦴ​ꦱꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦗꦮ​ꦭꦶꦪꦤꦺ​ꦱꦏ​ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦆꦁ​ꦒꦿꦺꦱ꧀꧈​ ​​ꦧꦱ​ꦗꦮ​ꦲꦶꦏꦸ​ꦱꦭꦃ​ꦱꦶꦗꦶꦤꦶꦁ​​ꦧꦱ​ꦲꦸꦤꦶꦏ꧀ꦭꦤ꧀​ꦩ꧀ꦧꦺꦢꦤꦶ​ꦱꦶꦁ​​ꦲꦤ​ꦲꦶꦁ​​ꦢꦺꦴꦚ꧈​​ꦲꦩꦂꦒ​ꦤ꧀ꦢꦸꦮꦺ​ꦠꦿꦝꦶꦱꦶ​ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦕꦕꦃ​ꦠꦼꦭꦸꦁ​​ꦉꦤ꧈​​ꦪꦲꦶꦏꦸ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀ꦱꦏ​ꦧꦁ​ꦱ​ꦌꦫꦺꦴꦥꦃ꧈​​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦥꦼꦒꦺꦴꦤ꧀ꦱꦏ​ꦧꦁ​ꦱ​ꦄꦫꦧ꧀ ​​ꦭꦤ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦝꦺꦮꦺ​ꦱꦶꦁ​​ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦱꦏ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦏꦮꦶ꧉​​ꦩꦸꦭꦤꦺ꧈​​ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦸꦩꦿꦃ​ꦩꦼꦤꦮꦶ​ꦲꦤ​ꦗꦸꦢꦸꦭ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦢꦶꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦠꦼꦭꦸꦁ​​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦱꦶꦁ​​ꦧꦺꦢ​ꦧꦺꦢ​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶ​ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦱꦤꦺ​ꦤꦼꦩꦺꦴꦤꦶ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦕꦶꦛꦏ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦧꦱ​ꦗꦮ꧉​

Amarga tulisan lan literatur basa Jawa ing Internèt kuwi sithik banget, apa manèh kanggo buku-buku lawas lan sing wis angèl digolèki (amèh kabèh buku basa Jawa kuwi wis ora dicethak manèh), Pakumpulan Wikimédia Yogyakarta kepéngin supaya buku-buku sing saiki wis ana ing Wikisumber – lan artikel-artikel ing Wikipédia Jawa – isa ngéwangi nyukupi kabutuhan buku-buku wacan basa Jawa sing apik.

Nitiwaca naskah sing nganggo aksara Jawa uga ngandharaké tantangané dhéwé. Ora ana cara kanggo ngetik aksara Jawa ing Wikipédia Jawa tekan taun 2013, lan akèh-akèhé wong pada durung kulina ngetik nganggo aksarané dhéwé, amarga aksara Jawa kuwi wis ora digathèkaké lan arang dianggo ing urip saben dinané. Wikisumber wis nyediakné vidéo-vidéo tutorial sing ndhudhuhi cara ngetik aksara Jawa, supaya wong-wong kabèh isa ngetik aksara Jawa nyang proyèk-proyèk Wikimédia nganggo Universal Language Selector, lan GLAM Indonésia wis nganakaké pelatihan onlèn ing sasi Oktober kapungkur. Bejané, wis ana organisasi liyané sing ngerjakné tugas sing paling abot, yaiku nyalin telung naskah kuwi, sanajan nganggo format alih aksara Latin. Yayasan Sastra Lestari, sing kul-sinangkul karo Pustaka Inggrés, wis ngunggah kabeh kaca saka telung naskah ing kasebut ing dhuwur. Menawa panyarta nitiwaca Wikisumber bingung maca aksara Jawa tulisan tangan kuwi, dhèwèké isa maca alih aksarané Yayasan dinggo rèferènsi.

ꦲꦩꦂꦒ​ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦶꦠꦼꦫꦠꦸꦂ​ꦧꦱ​ꦗꦮ​ꦲꦶꦁ​​ꦆꦤ꧀ꦠꦼꦂꦤꦺꦠ꧀ꦏꦸꦮꦶ​ꦱꦶꦛꦶꦏ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ ​​ꦲꦥ​ꦩꦤꦺꦃ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦭꦮꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔꦺꦭ꧀ꦢꦶꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ​ ꧌ꦲꦩꦺꦃ​ꦏꦧꦺꦃ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦱ​ꦗꦮ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ​ꦢꦶꦕꦺꦛꦏ꧀ꦩꦤꦺꦃ꧌ ꧈​​ꦥꦏꦸꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦢꦶꦪꦃꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ​ꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦱꦶꦁ​​ꦱꦲꦶꦏꦶ​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤ​ꦲꦶꦁ​​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​–​ꦭꦤ꧀ꦲꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦲꦂꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦢꦶꦪꦃꦗꦮ​–​ꦲꦶꦱ​ꦔꦺꦮꦁ​ꦔꦶ​ꦚꦸꦏꦸꦥ꧀ꦥꦶ​ꦏꦧꦸꦠꦸꦃꦲꦤ꧀ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦮꦕꦤ꧀ꦧꦱ​ꦗꦮ​ꦱꦶꦁ​​ꦲꦥꦶꦏ꧀꧈​

​ꦤꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦱꦶꦁ​​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦲꦸꦒ​ꦔꦤ꧀ꦝꦂꦫꦏꦺ​ꦠꦤ꧀ꦠꦁ​ꦔꦤ꧀ꦤꦺ​ꦝꦺꦮꦺ꧉​​ꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦤ​ꦕꦫ​ꦏꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦔꦼꦠꦶꦏ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦲꦶꦁ​​ꦮꦶꦏꦶꦥꦺꦢꦶꦪꦃ​ꦗꦮ​ꦠꦼꦏꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀​ ꧇꧒꧐꧑꧓꧇​꧈​​ꦭꦤ꧀ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦲꦺ​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦥꦢ​ꦢꦸꦫꦸꦁ​​ꦏꦸꦭꦶꦤ​ꦔꦼꦠꦶꦏ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦤꦺ​ꦝꦺꦮꦺ꧈​​ꦲꦩꦂꦒ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ​ꦢꦶꦒꦛꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦭꦤ꧀ꦲꦫꦁ​ꦢꦶ​ꦲꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦶꦁ​​ꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦤꦺ꧉​​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦮꦶꦱ꧀ꦚꦼꦢꦶꦪꦏ꧀ꦤꦺ​ꦮ꦳ꦶꦢꦺꦪꦺꦴ​ꦮ꦳ꦶꦢꦺꦪꦺꦴ​ꦠꦸꦠꦺꦴꦫꦶꦪꦭ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦤ꧀ꦝꦸꦝꦸꦃꦲꦶ​ꦕꦫ​ꦔꦼꦠꦶꦏ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ꧈​​ꦱꦸꦥꦪ​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦏꦧꦺꦃ​ꦲꦶꦱ​ꦔꦼꦠꦶꦏ꧀ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦚꦁ​​ꦥꦿꦺꦴꦪꦺꦏ꧀ꦥꦿꦺꦴꦪꦺꦏ꧀ꦮꦶꦏꦶꦩꦺꦢꦶꦪꦃ​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ Universal Language Selector꧈​​ꦭꦤ꧀ GLAM ​ꦆꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ​ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦥꦼꦭꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦭꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦱꦱꦶ​ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ​ꦏꦥꦸꦁ​ꦏꦸꦂ꧉​​ꦧꦼꦗꦤꦺ꧈​​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤ​ꦲꦺꦴꦂꦒꦤꦶꦱꦱꦶ​ꦭꦶꦪꦤꦺ​ꦱꦶꦁ​​ꦔꦼꦂꦗꦏ꧀ꦤꦺ​ꦠꦸꦒꦱ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦥꦭꦶꦁ​​ꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ ꦪꦲꦶꦏꦸ​ꦚꦭꦶꦤ꧀ꦠꦼꦭꦸꦁ​​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦏꦸꦮꦶ꧈​​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦥ꦳ꦺꦴꦂꦩꦠ꧀ꦲꦭꦶꦃ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀꧈​​​ꦪꦪꦱꦤ꧀ꦱꦱ꧀ꦠꦿ​ꦭ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦠꦫꦶ꧈​​ꦱꦶꦁ​​ꦏꦸꦭ꧀ꦱꦶꦤꦁ​ꦏꦸꦭ꧀ꦏꦫꦺꦴ​ꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ​ꦆꦁ​ꦒꦿꦺꦱ꧀ ​ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦸꦁ​ꦒꦃ​ꦏꦧꦼꦃ​ꦏꦕ​ꦱꦏ​ꦠꦼꦭꦸꦁ​​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦲꦶꦁ​​ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦝꦸꦮꦸꦂ꧉​​ꦩꦼꦤꦮ​ꦥꦚꦂꦠ​ꦤꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦧꦶꦔꦸꦁ​​ꦩꦕ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦠꦸꦭꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦔꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶ꧈​​ꦝꦺꦮꦺꦏ꧀ꦏꦺ​ꦲꦶꦱ​ꦩꦕ​ꦲꦭꦶꦃ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫꦤꦺ​ꦪꦪꦱꦤ꧀ꦢꦶꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦫꦺꦥ꦳ꦼꦫꦺꦤ꧀ꦱꦶ꧉​

Swayambara iki mbarengi karo metuné proyèk Wikisource Loves Manuscript ing Jakarta ing Dina Basa Ibu Sadonya, kanthi gegayuhan nulis lan nglestarèkaké luwih saka 20 èwu kaca naskah-naskah (manuskrip) ing Indonésia. Amrihé, kaya nitimaca buku-buku aksara Latin katulung karo OCR (Pengenalan Karakter Optis ing basa Indonésia), semono uga aksara saliyané aksara Latin, klebu aksara Jawa. Sedhihé, OCR durung isa dinggo maca aksara Jawa. Proyèk Wikisource Loves Manuscript sing anyaran iki duwé karep nggunakaké piranti sing nganggo AI jenengé Transkribus dinggo maca aksara Jawa kanti otomatis. Ananging piranti iki duwé syarat: supaya isa maca aksara apa waé kanthi pener, piranti iki kudu dilatih dhisik nganggo data sing wis ana. Ananging, ora ana naskah Jawa babar pisan sing wis dititiwaca nganggo aksara Jawa (kabèh dititiwaca nganggo Latin). Mangkéné iki dhapukané Swayambara Wikisumber Jawa; srana nyedhiyani kaca-kaca manuskrip sing wis dititiwaca naraguna nganggo aksara Jawa, Transkribus isa nitèni carané mbedakaké aksara werna-werni. Saya akèh data lan latihan sing dilakokké, saya prigel olèhé nitiwaca. Muga-muga ing Swayambara Wikisumber Jawa salanjuté, piranti iki wis isa dinggo nyedhiyakaké OCR dhasar sing bakal luwih gampang dititiwaca dening manusa. Suprandéné, saya akèh èlmu-èlmu saka buku-buku sing nganggo aksara Jawa, sing biyen mokal digayuh wong-wong biyasa, bakalan kabukak, lan kawicaksanané buku lan naskah-naskah kuwi isa dibagèkaké karo wong-wong jaman saiki.

Swayambara Wikisumber Jawa 2023 kaleksanan wiwit 6 nganti 20 Maret 2023.

ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦩ꧀ꦧꦉꦁ​ꦔꦶ​ꦏꦫꦺꦴ​ꦩꦼꦠꦸꦤꦺ​ꦥꦿꦺꦴꦪꦺꦏ꧀ Wikisource Loves Manuscript ​ꦲꦶꦁ​​ꦗꦏꦂꦠꦃ​ꦲꦶꦁ​​ꦢꦶꦤ​ꦧꦱ​ꦲꦶꦧꦸ​ꦱꦢꦺꦴꦚ꧈​​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦒꦼꦒꦪꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦭꦤ꧀​ꦔ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦠꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦭꦸꦮꦶꦃ​ꦱꦏ​꧇꧒꧐꧇​​ꦲꦺꦮꦸ​ꦏꦕ​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦩꦤꦸꦱ꧀ꦏꦿꦶꦥ꧀ꦲꦶꦁ​​ꦆꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉​​ꦲꦩꦿꦶꦃꦲꦺ꧈​​ꦏꦪ​ꦤꦶꦠꦶꦩꦕ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀ꦏꦠꦸꦭꦸꦁ​​ꦏꦫꦺꦴ​ OCR ꧌ ꧍ꦥꦼꦔꦼꦤꦭꦤ꧀ꦏꦫꦏ꧀ꦠꦼꦂ​ꦎꦥ꧀ꦠꦶꦱ꧀꧍ ​ꦲꦶꦁ​​ꦧꦱ​ꦆꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧌꧈ ​​ꦱꦼꦩꦺꦴꦤꦺꦴ​ꦲꦸꦒ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦱꦭꦶꦪꦤꦺ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦭꦠꦶꦤ꧀ ​​ꦏ꧀ꦭꦼꦧꦸ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ꧉​​ꦱꦼꦝꦶꦃꦲꦺ꧈​​OCR ​ꦢꦸꦫꦸꦁ​​ꦲꦶꦱ​ꦢꦶꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦩꦕ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ꧉​​ꦥꦿꦺꦴꦪꦺꦏ꧀​ Wikisource Loves Manuscript ​ꦱꦶꦁ​​ꦲꦚꦂꦫꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶ​ꦢꦸꦮꦺ​ꦏꦉꦥ꧀ꦲꦔ꧀ꦒꦸꦤꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶ​ꦱꦶꦁ​​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ AI ​ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺ Transkribus ​ꦢꦶꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦩꦕ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ꦏꦤ꧀ꦠꦶ​ꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦩꦠꦶꦱ꧀꧈​ ​​ꦲꦤꦔꦶꦁ​​ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦢꦸꦮꦺ​ꦱꦾꦫꦠ꧀ ​​ꦱꦸꦥꦪ​ꦲꦶꦱ​ꦩꦕ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦲꦥ​ꦮꦲꦺ​ꦏꦤ꧀ꦛꦶ​ꦥꦼꦤꦼꦂ꧈​​ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦏꦸꦢꦸ​ꦢꦶꦭꦠꦶꦃ​ꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦢꦠ​ꦱꦶꦁ​​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤ꧉​​ꦲꦤꦔꦶꦁ​꧈​​ꦲꦺꦴꦫ​ꦲꦤ​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦗꦮ​ꦧꦧꦂ​ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ​ ꧌ꦏꦧꦺꦃ​ꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦭꦠꦶꦤ꧀꧌꧉​​ꦩꦁ​ꦏꦺꦤꦺ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦝꦥꦸꦏ꧀ꦏꦤꦺ​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ꧈​​ꦱꦿꦤ​ꦚꦼꦝꦶꦪꦤꦶ​ꦏꦕ​ꦏꦕ​ꦩꦤꦸꦱ꧀ꦏꦿꦶꦥ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦤꦫꦒꦸꦤ​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ꧈ Transkribus ​ꦲꦶꦱ​ꦤꦶꦠꦺꦤꦶ​ꦕꦫꦤꦺ​ꦩ꧀ꦧꦼꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦮꦼꦂꦤ​ꦮꦼꦂꦤꦶ꧉​​ꦱꦪ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦢꦠ​ꦭꦤ꧀ꦭꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦱꦶꦁ​​ꦢꦶꦭꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺ꧈​​ꦱꦪ​ꦥꦿꦶꦒꦼꦭ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦺ​ꦤꦶꦠꦶꦮꦕ꧉​​ꦩꦸꦒ​ꦩꦸꦒ​ꦲꦶꦁ​​ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​ꦱꦭꦚ꧀ꦗꦸꦠ꧀ꦠꦺ꧈​​ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦶ​ꦲꦶꦏꦶ​ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦱ​ꦢꦶꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦚꦼꦝꦶꦪꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ OCR ​ꦝꦱꦂ​ꦱꦶꦁ​​ꦧꦏꦭ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃ​ꦒꦩ꧀ꦥꦁ​​ꦢꦶꦠꦶꦠꦶꦮꦕ​ꦢꦼꦤꦶꦁ​​ꦩꦤꦸꦱ꧉​​ꦱꦸꦥꦿꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺ꧈​​ꦱꦪ​ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦺꦭ꧀ꦩꦸ​ꦲꦺꦭ꧀ꦩꦸ​ꦱꦏ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦱꦶꦁ​​ꦔꦁ​ꦒꦺꦴ​ꦲꦏ꧀ꦱꦫ​ꦗꦮ꧈​​ꦱꦶꦁ​​ꦧꦶꦪꦼꦤ꧀​ꦩꦺꦴꦏꦭ꧀​ꦢꦶꦒꦪꦸꦃ​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦧꦶꦪꦱ꧈​​ꦧꦏꦭꦤ꧀​ꦏꦧꦸꦏꦏ꧀ ​​ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦤꦺ​ꦧꦸꦏꦸ​ꦭꦤ꧀​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦤꦱ꧀ꦏꦃ​ꦏꦸꦮꦶ​ꦲꦶꦱ​ꦢꦶꦧꦒꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ​ꦏꦫꦺꦴ​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦮꦺꦴꦁ​​ꦗꦩꦤ꧀​ꦱꦲꦶꦏꦶ꧉​​

ꦱ꧀ꦮꦪꦩ꧀ꦧꦫ​ꦮꦶꦏꦶꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ​ꦗꦮ​꧇꧒꧐꧒꧓꧇​​ꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀​꧇꧖꧇​​ꦔꦤ꧀ꦠꦶ​꧇꧒꧐꧇​​ꦩꦉꦠ꧀​꧇꧒꧐꧒꧓꧇​꧉​